Sebelum tidur, orang tua sering kali membacakan kisah yang penuh pesan moral bagi anaknya. Tak melulu bahasa Indonesia, cerkak berbahasa Jawa juga bisa menjadi opsi menarik.
Dirujuk dari dokumen unggahan Eprints UNY, cerkak adalah singkatan dari cerita cekak atau cerita pendek dalam bahasa Indonesia. Cerkak biasanya mengusung tema kehidupan, baik itu menyenangkan maupun menyedihkan.
Apapun cerita yang diangkat, yang pasti, cerkak membawakan pesan pembelajaran hidup. Dengan rutin membacakan cerkak malam hari sebelum tidur, si kecil secara tak langsung belajar mengenai banyak hal.
SCROLL TO CONTINUE WITH CONTENT
Butuh cerkak bahasa Jawa untuk dongeng sebelum tidur sang buah hati? Berikut detikJogja siapkan sederet contohnya. Yuk, baca satu per satu!
Kumpulan Cerkak Bahasa Jawa
Di antaranya diambil dari Bahan Ajar Bahasa Jawa Cerkak Kelas XI oleh Rahmad Fauzi dan Baboning Pepak Basa Jawa tulisan Budi Anwari, ini 5 cerkak bahasa Jawa:
Cerkak Bahasa Jawa #1: Roro Jongrang
Ana ing jaman kerajaan Hindu-Buddha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna.
Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupalo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Rorojonggrang.
Ana ing sawijining dina Prabu Boko nduwe pepinginan ngambakne wilayah kerajan kanthi nyerang kerajan Pengging. Prabu Boko ngumpulake pasukan kanggo nyerang kerajaan Pengging. Peperangan gedhe banjur kedadean, korban jiwa lan bandha tansah katon ana ing pihak kerajaan Pengging ugo kerajaan Boko.
Kanggo ngurangi rakyate sing mati, Prabu Damar Moyo dawuh dening anake yaiku Raden Bandung Bondowoso supaya perang ngelawan Prabu Boko. Mergo kekuwatan lan kesektian saka Raden Bandung Bondowoso, Prabu Boko banjur bisa dikalahake nganti tekan patine.
Krungu Prabu Boko mati, Patih Gupala dawuh marang pasukane kanggo mundur saka kerajaan Pengging mlayu menyang kraton Boko. Raden Bandung Bondowoso kang ngerteni yen prajurit saka kerajaan Boko mundur banjur ngoyak Patih Gupala lan pasukan sing mlayu menyang Keraton Boko, Patih Gupala sing ketok dhisik dewe ana Keraton nemoni Roro Jonggrong lan ngandhani menawi Prabu Boko wis mati neng tangan Raden Bandung Bondowoso. Ora suwe banjur Raden Bandung Bondowoso dugi ing keraton Boko. Pas dheweke lagi nggoleki Patih Gupala neng jero istana, dheweke ketemu karo anak Prabu Boko yaiku Roro Jonggrang.
Amarga ayune Roro Jonggrang. Raden Bandung Bondowoso langsung katresnan marang piyambake. Lan njaluk kanggo bebatihan Ananging Roro Jonggrang ora gelem, amarga dheweke ngerti menawi Raden Bandung Bondowoso sing wis mateni bapake.
Kanggo nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso. Roro Jonggrang menehake syarat ven Raden Bandung Bondowoso pengen ngrabeni Piyambake Koro longerang banjur ngendikan:
"Yen sampean pengen ngrabeni aku, Sampean kudu nggawekne aku siji sumur lan sewu candi ana wektu sewengi."
Panjaluk Roro Jonggrang pancen mustahil dilakoni. Ananging Raden Bandung Bondowoso nyaguhi penjaluk saka Roro Jonggrang kasebut. Piyambake banjur nggawe sumur sing saiki dikenal kanthi jeneng Jalatunda. Lan nggawe 1000 candi kanthi njaluk bantuan para lelembut kanggo mbangun candi kasebut.
Kawatir Raden Bandung Bondowoso bisa nggrampungake gaweane banjur Roro Jonggrang njaluk dayang-dayang kanggo nutu pari lan ngobong damen neng siseh wetan supaya dikira menawi esuk wis teka. Para lelembut sing ngewangi Raden Bandung Bondowoso kanggo mbangun 1000 candi pada kabur amarga wedi arep esuk. Bangunan 1000 candi durung genep, Raden Bandung Bondowoso mung bisa nutugake nganti 999 candi.
Raden Bandung Bondowoso nesu, murka amarga saktemene srengenge durung njedul. Piyambake nesu basan reti yen Roro Jonggrang sing wis nglakoni kabeh mau supaya para lelembut ngiri srengenge wis njedul. Raden Bandung Bondowoso nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca sing kanthi saiki dikenal kanthi jengen Arca Dewi Durga kanggo mepaki 1000 candi kesebut.
Cerkak Bahasa Jawa #2: Sepedha Motor Anyar
Taun pelajaran ngarep Satriya Priyambada wis mlebu ana SMA dheweke saiki lagi wae rampung ujian sekolah lan Ujian Nasional Berbasis Komputer (UNBK) SMP. Jarene kabar, taun iki klebu UNBK pungkasan saka programe Menteri Pendidikan Kabudayaan RI sing anyar. Pepenginane Satriya Priyambada bisa mlebu sekolah ana SMA sing klebu pilihan utawa favorit, merga wis kawentar muride pinter- pinter. Engga bisa padha ketampa nerusake kuliyah ana perguruan tinggi kang uga wis kawentar kayata ana UGM, UNY, UIN, ITB, IPB, lan liya-liyane. Semono uga akeh kang ketampa ana perguruan tinggi Andina kayata ing STAN, STPON Akpol, Akmil, lan liya-liyane.
Kanggo nggayuh supaya pepenginane kasebut bisa kasembadan, Satriya Priyambada dadi srempeng anggone sinau sadurunge ujian sekolah apadene UNBK, Saliyane sinau kelompok karo kanca-kancane sakelas, dheweke uga melu les ana salah sawijining lembaga kursus utawa bimbingan belajar Cerdas ing kuthane. Emane ana ing lembaga kasebut dheweke ora patya seneng, amarga dening pembimbinge mung diisi latihan nggarap soal-soal Mangka kang dikarepake keana tambahan wawasan roning ngadhep soal-soal lan isine pelajaran. Nanging gandheng wis mbayar ora sethithik, cheweke tetep mebu yen ana jadwal les jane wis tau dieturke marang wong tuwane beb, ora cocoge melu kursus bimbingan belajar arakono
"Pak, istunipun kula boten satya pun turut berbingan belajar wonten mrika," ature marang bapakne naika atine wis ora kuwat.
"Lha, ngapa kok ora pas?" Pitakone bapake ing sawijining sore nalika Satriya Priyambada ana omah.
"Lha isine namung diajari nggarap soal. Nomor setunggal jawabane c, nomor kalih jawabane b lan salajengipun. Boten dipunparingi ngertos kenging menapa kok jawabane saged c utawi b," piterange Satriya Priyambada.
"O ya...lha karepmu isih arep les ana kana maneh apа ога?". Bapake ndangu sareh
"Nggih nelaske ing wulan niki, Pak."
"Lha ngapa kudu ngentekake sasi iki?"
"Lha Bapak sampun paring biaya kangge les ta?"
"Lha yen pancen awakmu pengin alihan papan les liyane ya ora apa-apa. Menawa kok kira cukup les ana sekolah wae, ora perlu les ana bimbingan belajar ya ora apa-apa. Sing isa ngukur kekuwatane awakmu tha rak ya awakmu dhewe." jentrehe bapake.
Pancen kanggone sabageyan para siswa kang kasengkuyung wong tuwane, padha les kanggo nambah pasinaon ing sekolahan kang dirasa isih kurang. Saliyane iku uga merga wong tuwane ora bisa paweh pasinaon ana ngomah kanthi becik. Amarga isine pelajaran ana sekolah wis banget maju, seje karo pelajaran jamane wong tuwane sekolah. Mesthi wae kanggo wong tuwane kang cukup ekonomine. Merga les ana lembaga bimbingan belajar, ragace ya ora sethithik. Kepara luwih akeh tinimbang biaya kanggo biaya sekolahane, kang pancen wis antuk Bantuan Operasional Pendidikan (BOP)
Para wong tuwa jaman semana,pancen nalika sekolah kudu nggawa buku, Nulis utawa nyathet isine pelajaran, yen akeh utawa ora bisa dicathet ya bisa foto kopi. Banjur diwaca utawa diapalake. Nanging para murid saiki, sinaune bocah utawa tugas saka bapak Ibugurune ora mesthi lumantar tulisan ana buku.
Nanging wis nggunanake teknologi informasi, lumantar hape embuh nganggo aplikasi WA lan liya-liyane. Semono uga jawabane soal ya wis didhawuhi lumanitar mesin google ing internet. Dadi ora mokal yen wong tuwane wis akeh sing ora bisa nututi kepinterane anak. Mula banjur padha didhawuhi melu les.
"Piye Le, sida arep alihan nggon les ana ngendi?" Pandangune bapake Satriya Priyambada.
"Estunipun boten sah tumut les wonten bimbingan belajar nggih boten napa-napa kok Pak!" Jawabe Satriya Priyambada.
Nalika ibune sing lagi masak ana pawon krungu, banjur nimbrung ngendika.
"Melu les ya Le. Ana ngendi wis, sasenengmu. Sesuk daketerke ta wis, yen adoh."
"Galo ibumu ya saguh ngeterke."
"Menawi les nggih ten Yogya Pak" Jawabe Satriya Priyambada.
"Ya ora apa-apa. Sing penting awakmu seneng lan isa nglakoni. Lha sapa wae kancamu sing uga les ana kana?" Pitakone bapake.
"Nggih wonten jaka, Feri, Putri, lan sanese."
"Ya. Yen pancen ngono, sesuk mulih saka nyambut gawe dak dhaftarke. Sasi sesuk wiwit les ana Yogya, Ben dieterke ibumu Utawa dakampiri samulihku saka nyambut gawe."
"Nggih, semaure Satriya Priyambada.
Dhasare bocah pinter lan mbangun miturut marang wong tuwane, satemene ora perlu melu les ana lembaga bimbingan belajar wae Satriya Priyambada tansah antuk biji apik. Nanging kanggo nambahi wawasan lan nyrawung karo kanca-kancane ya banjur melu les. Mula oга nggumunake menawa nalika pengumuman asile ujan sekolah lan UNBK dheweke antuk bij apik dhewe lan kasil ketampa ana sekolah SMA kang diidham-idhamake.
Gandheng wis SMA mula bapak ibune banjur mundhutake sepeda motor anyar, ngiras kanggo hadhiyah nggone antuk biji apik dhewe ana SMP-ne lan ketampa sekolah ana SMA pilihane. Nanging Satriya Priyambada, durung gelem nganggo sepeda motor kasebut menyang sekolahan. Dheweke trima ngepit senadyan sekolahane klebu rada adoh saka omahe.
"Lha kenapa kok durung kok enggo sekolah, sepedha motore le?" Pitakone bapake.
"Bapak lan ibu pirsa ta. Kula dereng gadhah SIM, awit umur kula dereng dumugi." Atur wangsulane Satriya Priyambada paweh piterang.
"Gene kanca-kancamu ya dha nganggo sepedha motor. Nyatane ya ora apa-apa ta. Apa awakmu ya ora isin lan kesel, mung ngepit menyang mulih sekolah. Arep dakterke utawa mbonceng bapakmu jare isin wis gedhe," ibune melu pitakon.
"Ya wis, sakarepe wae bu. Mung yen lagi kesel lan udan bisa diterke dhisik sadurunge numpak sepeda motor dhewe. Rak ngono ta le?" Bapakne ngeyem-eyemi.
"Nggih Pak. Lha numpak pit, niku malah saged damel sehat ta bu. Rikala semanten ngendikanipun Bapak lan Ibu, rikala sekolah nggih sami ngepit. Kepara wonten ingkang sami mlampah. Arnargi boten gadhah pit," ature Priyambada.
"Bener Le, nanging jamane saiki wis beda, Luwih maju, ара ара cepet, sekolah ya kudu nggawa sangu dhuwit cukup. Yen ora sangu utawa sangu dhuwit kurang, trima ora mangkat sekolah, piterange ibune.
"Ya yen ngono karepmu ora apa-apa Kala-kala sepedha motore bisa dienggo, nanging kudu ngati-ati, Helm aja lali Merga pancen durung duwe SIM. Sesuk kelas telu nalika umumu wis nyandhak, bisa golek SIM Rak ya ngono ta Bune? Kandhane bapake.
"Nggih pun menam kajenganipun mekaten Pak. Ning aja sambat kesel lho le. Pokoke yen esuk kudu sarapan sing cukup. Bapak ya maringi sangu sing murwat," panjaluke ibune.
"Nggih Bu, ngepit nggih wonten kancane kok." Semaure Satriya Priyambada.
Mula senadyan wis sekolah ana SMA lan diparingi sepedha motor anyar supaya kanggo sekolah, sepeda motor anyar kasebut durung dienggo sekolah dening Satriya Priyambada, malah trima ngepit. Amarga dheweke ngerti durung duwe SIM, pinangka tandha duwe hak sing sah adhedhasar hukum kanggo numpak sepedha motor. Kaya dene piwelinge Bapak Wilyono, Kepala Sekolah ing SMP sing tansah dieling menawa para murid kudu tansah mituhu marang dhawuhe agama, wong tuwa, guru uga patuh marang aturan utawa hukum lang lumaku Cunthel.
Cerkak Bahasa Jawa #3: Tawon lan Semut
Ing jaman Nabi Sulaiman, gesang pinten-pinten tawon. salah satunggal ing antawisipun yaiku Pipo. Pipo yaiku anak tawon ingkang sampun dipuntilar pejah ibunipun. Wanci punika ibunipun pejah dicokot kalajengking.
Sakmenika piyambakipun gesang piyambak tanpa nduwe sanak kadang. Amargi namung gesang piyambakan, Pipo milih konjuk gesang mengembara. Ngantos akhiripun piyambakipun dugi ing gurun ingkang wiyar. Ing madya gurun punika Pipo rumaos ngelak uga luwe. "aku kudu enggal golek pangan uga banyu, nanging aku kudu golek ana ing ngendi?" batin Pipo.
Singkat cerita, Pipo banjur pados tedhan uga toya. Saksampune cekap dangu mabur, saking doh-dohan Pipo ningali toya uga tedhan. Nanging saksampune nyelak, jebulna ingkang dipunningalipun namung hamparan wedi ingkang wiyar.
Kanthi kuciwa Pipo banjur mabur maneh kangge pados toya. Mboten dangu lajeng piyambakipun kepanggih kaliyan semut ingkang saweg kasisahan mbekta tiganipun. Pipo banjur nyelaki semut punika
"Hei, semut. sinten nami sampeyan?"
"Nami kula Kriwil. Nami sampeyan sinten?" jawab semut.
"Kula Pipo, sampeyan kersa dados kanca kula?" Kriwil banjur manggut-manggut.
Menawi mekaten mangga kita sedaya madosi toya uga tedhan sareng-sareng?" Kriwil banjur wangsulan kanthi manggut-manggut maneh.
Singkat cerita ana ing contoh dongeng fabel bahasa jawa piyambak sedaya banjur kesah konjuk madosi tedhan. Saksampune dangu ngubengi gurun, piyambake sedaya nemu setunggal toya ingkang katon resik uga segar. Ing samping toya punika enten wit kurma ingkang kathah woh-e kanthi rasa legi. Kriwil lan Pipo bingah sanget. Piyambake sedaya enggal ngunjuk uga nedha sapuasipun.
Saksampune piyambake sedaya tuwuk, piyambake sedaya enggal madosi panggenan kagem tilem. Kalih dinten lajeng piyambake sedaya nemu panggen kagem tilem ingkang miturut piyambake sedaya tepat.
Yaiku ing setunggal panggenan wiyar kang ana wit- witan. Piyambake sedaya mboten badhe luwe ugo ngelak amargi ing pinggir panggenan punika enten kathah wit buah-buahan uga setunggal toya ingkang resik sanget. Kriwil lan Pipo gesang kaliyan rukun. Tambah dinten paseduluran piyambake sedaya tambah sae. Piyambake sedaya banjur gesang kaliyan aman, tentrem uga bagya mulya.
Cerkak Bahasa Jawa #4: Jaka Tarub
Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub.
Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak.
Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa.
Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika.
Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang JakaTarub mersani ing dalu menika JakaTarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang.
Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punikaka leresipun wulan pumama. Sanalika JakaTarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.
Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep.
Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi.
Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.
Ananging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
Cerkak Bahasa Jawa #5: Kethek, Pitik, lan Yuyu
Ing jaman ndisik, ana satunggaling pitik kang kekancan karo kethek. Ananging paseduluran kuwi ora awet suwe amarga kelakuan si kethek Sawijining dina kethek ngejak pitik mlaku mlaku sinambi golek pangan.
Nganti wayah srengenge angslep ana ing kulon loro kewan kul mau durung ugo nemu pangan kang bisa maregake wetenge Dumadakan tanpa disangka lan dinyana kethek kang wis kadung ngeleh duwe pikiran elek marang kancane yaiku si pitik. Tanpa rasa mesakake kethek nyekel si pithik lan mbubuti wulune kanthi niat arep mangan mbakar pithik kanggo mangan wengi iku
Ananging mergo pitik terus-terusan usaha kanggo lolosake awake, akhire dheweke bisa ucul saka si kethek. Pitik banjur mlayu nganti tumeka sawijining pinggir segara kang dipanggoni sawijining yuyu sing ora liya ugo dadi kancane si pitik. Ana ing panggonan kul pitik cerita marang yuyu:
Pitik: Hel Yuyu kancaku, tulungono aku, aku lagi diuber karo kethek sing arep mangan aku
Yuyu: Orasah kuwatir kancaku, aku bakal nyelametke awakmu saka
kethek kang ora reti arti kekancan kui mau Aku bakal weneh pelajaran supaya kethek kui mau ora wani maneh ganggu awakmu.
Sawise kahanan leren, pitik lan yuyu ngatur siasat kanggo weneh pelajaran marang kethek mau. Yuyu due ide nggawe perahu saka lemah lendut kanggo nyeberang ana ing pulau sacerake segara kui. Sawisi perahu kang digawe kui dadi banjur pitik lan yuyu ngundang kethek kanggo nyebrang bareng ana ing pulau sacerake kanggo golek pangan.
Mergo kahanan ora ana pangan ing sakiwo tengene panggonan kui, banjur kethek langsung wae nyaguhi ajakane pitik kanggo menyang pulau seberang.
Sawise prahu mlaku ana ing tengah segara banjur pitik mau kluruk sinambi notol prahu kang pada di tumpake kui mau. Alon-alon prahu kang digawe saka lemah lendut kui mau otomatis bocor lan banyu mlebu ing prahu. Ora bisa ditahan maneh prahu kang pada ditumpaki kui mau ambles ing segara.
Pitik kang wis siap lan ngencanakake kedadean kui kanthi siap langsung mabur ing darat, yuyu kang ugo wis siap kedadean kui banjur nglangi ing dasar segara, sawentara kethek kang jahat lan ora reti arti kekancan kui mau amung bisa tulung-tulung lan angslep amarga ora bisa nglangi. Singkat cerita kethek kui mau mati glagepen ing tengah segara.
Saka fabel bahasa jawa ana ing nduwur kui mau bisa kita jupuk pelajaran yen wong kekancan kudu apik marang sapada-pada. Amarga kita ora mangerti kapan kita ugo butuh kanca sapada-pada.
Nah, itulah 5 cerkak bahasa Jawa penuh pesan moral yang bisa dijadikan dongeng sebelum tidur. Semoga bermanfaat, ya!

































































